KESASAR .
Babak I
Disebuah terminal
Suki : aduh…….lha kok wes budal…….. bise ono maneh jam piro yo…….. iso-iso kewengen iki, apes…..apes……
Kernet : suroboyo……..suroboyo…..madiun nganjuk jombang……… nangndi mas? Suroboyo…..
Suki : mboten mas…….tuban
Kernet : wah….jek tas budal….. bareng aku teko jombang wae…..
Suki : mboten mas….nunggu wae……
Kernet : bise mangkate sak jaman, kesuen sampan nunggu……
Suki : mboten nopo-nopo…
Kernet : surobayo….suroboyo…..madiun nganjuk jombang…..
Suki : sak….jam! kok suene yo……
Tanto : tuban….tuban…..madiun nganjuk jombang babat tuban……
Suki : lha iki….
Tanto : pun ndi mas…….?
Suki : tuban
Tanto : monggo….niku bise….(menunjuk)
Suki : sue opo ora….
Tanto : langsung mangkat…..
Babak II
Di sebuah terminal Pati
Jaki : Dancok……nggak due rokok….bu rokoke…
Yu ti : rokok opo….?
Jaki : biasane….rokok kretek…regane pancet tho…?
Yu ti : mundak, mulai mambengi mundak dadi 5 ewu…
Jaki : wingi sek 4800…..
Yu ti : mulai mambengi……aku yo manut karo wong liane….
Jaki : y owes….kurang 200, ngutang sek….
Yu ti : ora ngopi pisan tah…..?
Jaki : ora….wes tas ngopi…..
Kontel : jaki…….!
Jaki : alah….kowe to….piye…..barange sek ono tah…….?
Kontel : wah …pas jek sak bungkus….arep tah….?
Jaki : y owes kene…..ngutang sek yo…..
Kontel : wah….gak iso jak, iki mengko aku kudu nyetor…..
Jaki : jam piro awakmu nyetor?
Kontel : jam telu sore. Ngutango sopo ngono lho……..
Jaki : aku yo….lek ngutang iku uangel….. mesti jawabe “ora ono duet”
Kentol : wes sak karepmu, piye carane oloeh duet…..nyolong opo nyopet kek…..
Jaki : y owes tak ature dewe, tapi barange ojo dewehne wong, sak durunge aku njypuk
Kontel : y owes gampang, tapi tak batesi sampek jam telu awakmu gak ndang jupuk, barang tak wehne seng butuh disek.
Jaki : yo….sak karepmu.
Kontel : aku tak mbalik sek yo……..
Jaki : lha lapo kok sesusu muleh…..?
Kontel : mangan…..
Yu ti : mangan wae nang omah, pisan-pisan nang kene…
Jaki : lha iyo, wong kok gak tau mangan sego warung….
Kontel : masalahe aku wes diwehi jatah dewe nang omoh….
Jaki : jatah opo, kelon……
Kontel : mangan dullll, yo kelon pisan….wes aku tak muleh…..
Jaki : yo….jo lali pesenku…ojo diwehne wong liyo……
Kontel : yo….yo….gampang….
Jaki : y owes yu aku tak nyambut gawe…….
Yu ti : nyambut gawe opo…….wong awakmu nganggur terus terus….
Jaki : kuli pasar opo kuli opo…seng penting oleh duet…….
Yu ti : lha yo ngono……….
Tanto : mangan nang ndi iki…?
Teno : biasane……….wae…….rawon yu….koe opo….?
Tanto : soto wae….
Teno : rawon karo soto yu…….
Yu ti : yo……..ngunjuke…..
Teno : kopi susu loro…….
Tanto : iki mau rodok lumayan olehe…….
Teno : iyo….tak wasi kok kebek mau penumpangfe….
Tanto : ancen rejekine lagi akeh…..
Teno : jenenge rejeki pancen ora ono seng weroh……….
Yu ti : monggo……
Teno : yo……… aku disek yo….
Tanto : yo…..
Yu ti : monggo….
Tanto : sambele endi yu…..kok gur saitik….tambah….
Yu ti : iki nyiduko dewe……..
Suki : iki terminal ngendi yo…..tuban sak ilingku ora ngene……..
Tanto : lho iku koyo penumpange dewe mau…..
Teno : endi…….?
Tanto : iku…..iyo wong iku mau bareng bise dewe……
Teno : kok koyoe bungung……..? takonono to…..
Tanto :mas….nggoleki sopo….? Kok koyoe bingung……
Suki : mboten, niki terminal pundit mas……….
Tanto : mriki terminal pati….lha sampean wau bareng bis ku to…….
Suki : nggeh, pundit….pati…….aduh…….
Tanto : wonten nopo…..?
Suki : brarti tuban pun klewat………
Tanto : nggeh sampun………sapean arep nang tuban tho…
Suki : nggeh…… brarti mbalek maneh…..
Tanto : nggeh mas…….pun sampean ngopi kalian kulo mawon…..
Suki : nggeh….tak leren sek……..



0 Coment:
Posting Komentar